10 November 2012

GEGURITAN (PUISI BAHASA JAWA)


BAPAK
dening : Siti Rochmiyati

Bapak yaiku tulang punggunge keluarga
Kerja mbanting tulang ora eling wayah
Apa sing dibutuhke ana ing omah cemepak
Apa sing sing tak jaluk ana
Apa sing tak karepke keturutan
Apa sing tak idam - idamke kedadean
Kabeh mau amarga bapak

Bapak...
Aku ora bisa mbales jasamu
Aku mung bisa donga marang Gusti Allah
Siji kekarepanku
Yaiku...
Supaya bapak diparingi kebagaswarasan
Lan diparingi rejeki kang halal saking Gusti Allah

Matur suwun bapak
Mugi - mugi
Apa kang bapak karepake 
Kanggo anakmu siji iki kelakon
Amin...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar