10 November 2012

PIDATO BAHASA JAWA

Assalamu'alaikum wr.wb

Ingkang kula hormati Ibu Dra. Jadmi Rahayu minangka Kepala Sekolah SMA N 2 UNGARAN.
Ingkang kula hormati bapak ibu guru SMA N 2 UNGARAN.
Ingkang kula hormati bapak ibu guru karyawan SMA N 2 UNGARAN.
Lan para kadang ingkang tansah kula tresnani.

Sak derengipun sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur marang Gusti Allah SWT amargi rahmat sarta hidayahipun sahingga kita saged makempal wonten ing papan panggonan menika kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa.

Ugi kula ngaturaken agunging panuwun dumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi acara ing siang menika.

Sak menika kathah para generasi anem ingkang sampun supen budaya jawi. Langkung - langkung lare anem langkung remen budaya manca tinimbang budaya jawi. Amargi menika kita minangka generasi anem wajib nguri - nguriaken budaya jawi supados langgeng ngantos dumugi paripurna. Pamarentah saperlu nguri - uri budaya jawi ugi matenaken supados saged langgeng wonten ing tlatah serbuan budaya modern saking jawi ugi mboten diakeni bangsa sanes.

Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken.
Ana temanten mangan srikaya
Mangan kupat uga kara
Cekap semanten atur kawula
Menawi wonten lepat nyuwun ngapuro

Wassalamu'alaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar